Editor
KOMPAS.com - Berikut adalah teks Khutbah Jumat singkat dengan bahasa Jawa tentang perkara hutang, yang disusun oleh penyuluh agama KUA Kemantren Tegalrejo Agus Triharjo Purnomo S.Ag, seperti dilansir dari laman Kemenag Kota Yogyakarta.
Baca juga: Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 3 Amalan Ingkang Saget Dados Bekal Kanggo Mati
الْحَمْدُ لِلَّهِ، الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي جَعَلَ الْإِسْلَامَ طَرِيقًا سَوِيًّا، وَوَعَدَ لِلْمُتَمَسِّكِيْنَ بِهِ وَيَنْهَوْنَ الْفَسَادَ مَكَانًا عَلِيًّا. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلًا نَبِيًّا، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلَامَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللَّهُ، أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللَّهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى:
بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Ma'asyiral muslimin rahimakumullah,
Kula purwakani khutbah wonten ing siang ingkang kebak berkah punika kanthi ngemutaken dhumateng kula lan panjenengan sedaya, mliginipun dhumateng dhiri pribadi kula piyambak, supados tansah ngudi lan ngupadaya ningkataken kualitas keimanan saha ketakwaan dhumateng Allah Subhanahu Wata'ala kanthi nindakaken sedaya kewajiban lan nilaraken sedaya ingkang dipunharamaken.
Lantaran kanthi ketakwaan punika, Allah Subhanahu Wata'ala bakal njamin kalih perkawis kagem kita:
Ingkang kapisan, Allah bakal ngapura sedaya kalepatan kita.
Ingkang kapindho, Allah bakal nikelaken ganjaran saking amal kasaenan kita.
Perkawis punika kados ingkang kaserat wonten Al-Qur'an Surat At-Thalaq ayat 5. Allah paring firman:
وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا
"Sapa wae kang takwa marang Allah, yekti Allah bakal ngapura kalepatan-kalepatane lan bakal nikelaken ganjaran tumrap dheweke."
Ma'asyiral muslimin rahimanii wa rahimakumullah,
Ing salebeting pagesangan, kita asring adhep-adhepan kaliyan urusan utang piutang. Utang punika mboten saged dipunanggep namung minangka transaksi donya kemawon, nanging utang punika minangka amanah lan janji ingkang bakal kabeta ngantos tumeka ing pati.
Utang punika minangka tanggungan ing pundhak kita ingkang mboten bakal ucul senajan kita sampun nindakaken kathah amal kasaenan. Mangga kita wangsul malih ngugemi dhumateng sabdanipun Rasulullah SAW:
"Saking Abu Hurairah, piyambakipun ngendika, Rasulullah SAW paring sabda: 'Ruhipun tiyang mukmin iku gumantung amarga utange, ngantos utang kasebut dipunlunasi.'" (HR. Tirmidzi)
Cobi dipunpenggalih, setunggal tiyang mukmin, ruhaninipun bakal gumantung lan mboten saged ngraosaken kalungguhan ingkang mulya ing ngarsanipun Allah, namung amargi setunggal utang ingkang dereng dipunbayar.
Punika ngetingalaken sepinten wigatosing perkawis punika. Utang menika minangka talen ingkang namung saged dipunuclaken kanthi pelunasan utawi keikhlasan saking tiyang ingkang paring ampilan.
Sederek kula sedaya,
Kedzaliman ingkang paling asring dumadi ing urusan utang piutang inggih punika nundha-nundha anggenipun ambayar, kamangka sejatosipun kita gadhah kemampuan kangge ambayar. Rasulullah SAW paring sabda:
"Nundha-nundha ambayar utang tumrap tiyang ingkang mampu (ambayar) iku kalebu kedzaliman." (HR. Bukhari)
Ma'asyiral muslimin rahimanii wa rahimakumullah,
Panundhan punika sejatosipun minangka kedzaliman ingkang tikel, inggih punika dzalim dhumateng dhiri piyambak amargi numpuk dosa, lan dzalim dhumateng sedherek kita amargi nahan hakipun. Mbok bilih sedherek kita wau saweg mbetahaken arta kasebat, mbuh punika kangge berobat, mbayar sekolah, utawi nyukupi kabetahan kulawarganipun.
Lajeng, punapa ingkang kedah kita tindakaken menawa kita gadhah utang? Kuncinipun wonten kalih:
Niat ingkang jujur.
Komunikasi ingkang walaka (terbuka/jujur).
Menawi kita kepeksa kedah ngutang, niataken kanthi saestu kangge nglunasi. Tiyang ingkang ngutang kanthi tujuan ingkang sae lan niat bakal ambayar, Allah SWT mesthi bakal paring pitulung lan nggampangaken marginipun.
Salajengipun, menawi kita dereng saged ambayar tepat wektu, blaka kemawon. Sampun ngantos ical, sampun ngantos selak. Sowani kemawon sedherek kita, aturaken kawontenan kita kanthi andhap asor, lan nyuwun inah kanthi niat ingkang cetha.
Para sedherek sedaya, sumangga kita jaga lisan kita saking janji palsu lan tumindak dzalim wonten ing urusan utang. Mangga enggal-enggal dipunlunasi utang kita, sinaosa namung nyicil sekedhik mbaka sekedhik. Utamikaken hakipun tiyang sanes tinimbang kapentingan pribadi.
Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pitedah dhumateng kita supados tansah tumindak amanah, njagi hakipun sesami, lan ambebasaken ruh kita saking sedaya rubeda ing dina akhir benjang.
بَارَكَ اللَّهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمَ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيمِ.
الْحَمْدُ للهِ عَلَى إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلَى تَوْفِيقِهِ وَامْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إِلَى رِضْوَانِهِ.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيمًا كَثِيْرًا.
أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا اللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوا عَمَّا نَهَى، وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللَّهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَى بِمَلَائِكَتِهِ بِقُدْسِهِ، وَقَالَ تَعَالَى:
إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَنْبِيَائِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلَائِكَةِ الْمُقَرَّبِيْنَ.
وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِينَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ.
اللَّهُمَّ أَعِزَّ الْإِسْلَامَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالْمُشْرِكِيْنَ، وَانْصُرْ عِبَادَكَ الْمُوَحِّدِيَّةَ، وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ، وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ، وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالزَّلَازِلَ وَالْمِحَنَ وَسُوْءَ الْفِتْنَةِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خَاصَّةً، وَسَائِرِ الْبُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.
وَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.
Bayangkan seorang anak Indonesia bercita-cita menjadi dokter tetapi hanya memiliki satu buku lusuh untuk belajar. Bersama Ekspedisi Kata ke Nyata Kompas.com, Anda bisa membantu mengubah kisah itu. Mari hadirkan akses literasi bagi anak-anak di berbagai pelosok Indonesia melalui donasi lewat tautan https://bit.ly/JagatLiterasi2026. Setiap kebaikan yang Anda berikan bukan hanya membuka jendela pengetahuan, tetapi juga membuka masa depan mereka.