Editor
KOMPAS.com - Berikut adalah teks Khutbah Idul Adha 2026 tentang bakti kepada orangtua, yang disusun Arifin S.H.I, Penyuluh Agama Islam KUA Gondokusuman.
Baca juga: 3 Contoh Khutbah Idul Adha 2026 tentang Keikhlasan dan Pengorbanan
الله أكبر الله أكبر، الله أكبر الله أكبر، الله أكبر الله أكبر كبيرًا، والحمد لله كثيرًا وسبحان الله بكرة وأصيلًا، لا إله إلا الله والله أكبر، الله أكبر ولله الحمد
الحمد لله الذي جعل للمسلمين عيد الفطر بعد صيام رمضان وعيد الأضحى بعد يوم عرفة. أشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له وأشهد أن سيدنا محمدًا عبده ورسوله. اللهم صل على سيدنا محمد وعلى آله وأصحابه الذين أذهب عظيم الرحمن ظهرهم. أما بعد: فيا معاشر المسلمين رحمكم الله، اتقوا الله حق تقاته، ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون. قال الله تعالى في القرآن العظيم بسم الله الرحمن الرحيم وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا
Jamaah Idul Adha rahimakumullah,
Alhamdulillah, monggo kito tansah muji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun paring nikmat iman, islam, saras lan kalodangan, sahingga kita saged nindaki shalat Idul Adha 1446 H sesarengan wonten ing mriki kanthi rahayu.
Shalawat lan salam kito aturaken dhumateng junjungan kito Nabi Muhammad SAW, Nabi panutan kito, keluarganipun, poro sahabat lan poro penderekipun, mugi kito sedoyo kalebet umatipun ingkang pikantuk syafa’atipun ing akhirat samangke.
Aamiin.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Jamaah Idul Adha rahimakumullah,
Ing dinten kang mulya punika, ngetingalaken peristiwa agung dateng kito sedoyo, nun inggih pengorbanan Nabi Ibrahim AS lan putranipun Nabi Ismail AS. Kados pundi Nabi Ismail AS, sanajan tasih enem, saget ndherek dhawuhipun romoipun kanthi patuh, tanpa nglawan, tanpo protes, malah ngendika:
قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ ۖ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ
Artinipun: "he bapak kulo, supados nindakake nopo ingkang diparintahake marang jenengan. Insya Allah, jenengan bakal nemokake kulo kalebu wong-wong sing sabar." (QS.
Ash-Shaffat: 102)
Maknanipun: Nabi Ismail AS nampa perintah Allah liwat Nabi Ibrahim AS tanpo ngeluh, malah kanthi sabar lan ikhlas nurut perintah Allah).
Jamaah Idul Adha rahimakumullah,
Peristiwa punika ngemutaken kito, bilih hubungan anak lan wong tuwa meniko dhasaripun iman lan taat marang Gusti Allah. Nanging sayang, ing jaman sakpunika, kathah tiyang enom utawi remaja ingkang kélangan rasa hormat dhumateng wong tuwané. Kados ta nglawan, ngucap kasar, ninggal sholat, lan ndemek narkoba, tawuran, nglanggar aturan.
Padahal Nabi Muhammad SAW sampun ngendika
رِضَا اللَّهِ فِي رِضَا الْوَالِدِ، وَسَخَطُ اللَّهِ فِي سَخَطِ الْوَالِدِ
Artinipun: "Ridane Allah ana ing ridane wong tuwa, lan murka Allah ana ing murkane wong
tuwa." (HR. Tirmidzi)
Maknaipun: Allah bakal ridha marang anak yen wong tuwané ridha. Yen wong tuwa duko, Allah uga duko
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Jamaah Idul Adha rahimakumullah,
Idul Adha nglairake semangat pengorbanan lan taqwa dumateg Allah SWT. Nanging kejawi saka punika, kita ugi sinau babagan pendidikan akhlak anak. Anak-anak kita kaancam dening gadget, media sosial, sesrawungan lan pengaruh lingkungan sing ora becik. Mula, kito para wong tuwa kedah tansah ndidik, nuntun, lan maringi teladan kang apik.
Allah paring dawuh:
وَوَصَّيْنَا الْإِنسَانَ بِوَالِدَيْهِ إِحْسَانًا
Artinipun: "Lan ingsun wus maringi pitutur marang manungsa supaya ngluhuraké wong tuwané kanthi becik." (QS. Al-Ahqaf: 15)
Pramilo poro jamaah, monggo kito gunakake momentum Idul Adha punika kanggé nambah kesadaran anak lan remaja supados uwih berbakti lan hormat marang wong tuwa, nguri-uri ajaran agama, lan adoh saka perbuatan maksiat.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Jamaah Idul Adha rahimakumullah,
Lewat mimbar lan momentum meniko, ugo kita aturaken khususipun dateng poro pemuda pemudi remaja bilih pintu kesuksesan, kamulyan dunya lan akhirat, enten pangkat, rezeki, anak kang sholeh lan sholehah, lan keluargi kang ayem Tentrem nun inggih berbakti marang wong tuwa, utamane nalika wong tuwa sampun sepuh.
Allah SWT ngendika ing Al-Qur'an:
وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا
Artinipun: “Lan Gusti siro wus marentah supaya siro aja nyembah kejaba marang Deweke lan supaya tumindak becik marang wong tuwamu.” (QS. Al-Isra: 23)
Maknane: Allah marentahake menungsa supoyo ibadah mung marang Panjenengane, lan langsung disambung karo dhawuh supoyo bekti marang wong tuwa.
Rasulullah SAW Uga ngendika:
مَنْ سَرَّهُ أَنْ يُمَدَّ لَهُ فِي عُمُرِهِ، وَيُزَادَ فِي رِزْقِهِ، فَلْيَبَرَّ وَالِدَيْهِ، وَلْيَصِلْ رَحِمَهُ
Artinipun: “Sapa wae sing kepengin dipanjangi umure lan diluwehake rejekine, pramilo supados bekti dateng tiyang sepah kaleh lan nyambung tali silaturahmi.” (HR. Ahmad)
Tegesipun: Anak kang bekti marang wong tuwa, bakal diparingi berkah umure dawa, rejekine lancar lan uripe berkah. sanajan jaman pun maju lan modern, ajaran bekti marang wong tuwa sampun ngantos ilang. anak kang entuk gelar sarjana, pendamelan, gaji gede, nanging lali kaleh tiyang sepahe. Kadhang malah mboen purun merawat naliko sepuh, bakal nampi urip ingkang susah lan mboten berkah.
Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, walillahil hamd.
Jamaah Idul Adha rahimakumullah,
Mugi kita minongko wong tuwa supados saget nuladani Kanjeng Nabi Ibrahim AS ingkang tansah sabar, sabar, lan sabar ndidik anak-anak kanthi akhlak lan agami ingkang sae. Idul Adha punika mboten namung sekadar nyembelih sapi utawi wedhus. Nanging sejatiné yaiku pengorbanan lan taqwa kawujud ing tumindak nyata, kalebu ndidik anak kito sedoyo.
Mugi khutbah punika maringi manfaat, lan tansah ngelingake kita sedaya supados mbangun kulawarga kang penuh berkah, putra putri ingkang soleh solihah AAMIIN.
أعوذ بالله من الشيطان الرجيم. بسم الله الرحمن الرحيم. والعصر إن الإنسان لفي خسر إلا الذين آمنوا وعملوا الصالحات وتواصوا بالحق وتواصوا بالصبر. تبارك الله لي ولكم في القرآن العظيم ونفعني وإياكم بما فيه من الآيات والذكر الحكيم. وتقبل مني ومنكم تلاوته إنه هو السميع العليم.
الله أكبر الله أكبر، الله أكبر الله أكبر، الله أكبر الله أكبر كبيرًا، والحمد لله كثيرًا، وسبحان الله بكرة وأصيلًا، لا إله إلا الله والله أكبر، الله أكبر ولله الحمد.
الحمد لله رب العالمين، الحمد لله على إحسانه والشكر له على توفيقه وامتنانه، وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن سيدنا محمدًا عبده ورسوله، اللهم صل وسلم وبارك عليه وعلى آله وأصحابه أجمعين. أما بعد: فيا عباد الله اتقوا الله حق تقاته، ولا تموتن إلا وأنتم مسلمون، وصلوا وسلموا على خاتم النبيين وإمام المتقين، فقد أمركم بذلك الرب الكريم فقال سبحانه قولًا كريمًا:
الله أكبر الله أكبر، الله أكبر الله أكبر، الله أكبر الله أكبر كبيرًا، والحمد لله كثيرًا، وسبحان الله بكرة وأصيلًا، لا إله إلا الله والله أكبر، الله أكبر ولله الحمد.
اللهم صل وسلم على سيدنا محمد سيد المرسلين، وعلى آله وأصحابه أجمعين، وارض اللهم عن الخلفاء الراشدين أبي بكر وعمر وعثمان وعلي، وعن التابعين وتابعي التابعين لهم بإحسان إلى يوم الدين، وعنا معهم بعفوك يا أرحم الراحمين.
اللهم اغفر للمؤمنين والمؤمنات، والمسلمين والمسلمات، الأحياء منهم والأموات. اللهم أعز الإسلام والمسلمين، وأذل الشرك والمشركين، وانصر عبادك الموحدين، وانصر من نصر الدين، واخذل من خذل المسلمين، ودمر أعداءك أعداء الدين.
اللهم إنا نعوذ بكلماتك التامة من شر ما خلقت، ومن شر ما ظهر منها وما بطن. ربنا آتنا في الدنيا حسنة وفي الآخرة حسنة وقنا عذاب النار.
ربنا ظلمنا أنفسنا وإن لم تغفر لنا وترحمنا لنكونن من الخاسرين. عباد الله، إن الله يأمر بالعدل والإحسان وإيتاء ذي القربى وينهى عن الفحشاء والمنكر والبغي، يعظكم لعلكم تذكرون. فاذكروا الله العظيم يذكركم، واشكروه على نعمه يزدكم، ولذكر الله أكبر، والله يعلم ما تصنعون.
Teks selengkapnya, bisa Anda unduh di sini.
KOMPAS.com berkomitmen memberikan fakta jernih, tepercaya, dan berimbang. Dukung keberlanjutan jurnalisme jernih dan nikmati kenyamanan baca tanpa iklan melalui Membership. Gabung KOMPAS.com Plus sekarang