Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 3 Amalan Ingkang Saget Dados Bekal Kanggo Mati

Kompas.com, 8 Oktober 2026, 23:03 WIB
Puspasari Setyaningrum

Editor

KOMPAS.com - Berikut adalah teks Khutbah Jumat singkat dengan bahasa Jawa tentang mempersiapkan bekal sebelum kematian, yang disusun oleh PIC Majelis Taklim KUA Gondokusuman Miftahul Anam S. Sos.I, seperti dilansir dari laman Kemenag Kota Yogyakarta.

Baca juga: Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Aja Nggoleki Kekurangane Wong Liya

Khutbah Pertama

السَّلامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْهُ فَلَا هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ الْكَرِيمِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ.

قال الله تعالى:

أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ.

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.

يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ، وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا.

Hadirin jamaah shalat Jumat ingkang minulyo,

Mangga sareng-sareng tansah ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Allah Subhanahu wa Ta'ala. Biqoulinaa, Alhamdulillahirabbil'alamin, wiwit linampahipun kanugrahan soho nikmatipun iman lan Islam.

Shalawat saha salam mugi katetepno dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad Shallallahu 'Alaihi Wasallam, sumrambah dhumateng kulawarga, sahabat, lan sedaya umatipun ngantos akhir zaman.

Mangga kula ngajak dhumateng kula piyambak ugi jamaah sedaya ngindhakaken iman lan taqwa dhumateng Allah Subhanahu wa Ta'ala, kanthi nindakaken menapa ingkang dados dhawuhipun lan nilar sedaya ingkang dados awisannipun Allah Subhanahu wa Ta'ala.

Hadirin jamaah shalat Jumat ingkang minulyo,

Wonten ing khutbah ingkang ringkes punika, mangga kita ngheningaken cipta, ngrenungaken punapa ingkang dumados kahanan ing kiwa tengen kita wekdal punika.

Kathahipun bencana, ingkang dipunwiwiti saking kobongan wana, lindhu, redi njeblug, lan sapanunggalanipun. Sampun kathah tiyang ingkang tinimbalan utawi seda amargi bencana kasebat, lan boten sakedhik ing antawisipun inggih punika sedherek kita piyambak.

Sinten, kapan, lan wonten ing pundi mawon tiyang saged tinimbalan ing seda, mboten kedah ngentosi sepuh. Ingkang taksih enem, menapa dene para lare ugi saged ngalami mati. Mboten kedah gerah rumiyin, tiyang ingkang kasarasan ugi kathah ingkang seda.

Allah Subhanahu wa Ta'ala dhawuh:

كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ

"Saben-saben ingkang gadhah nyawa bakal ngrasakake mati." (Q.S. Ali Imran: 185)

Allah Subhanahu wa Ta'ala ugi dhawuh:

وَلِكُلِّ أُمَّةٍ أَجَلٌ فَإِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً وَلَا يَسْتَقْدِمُونَ

"Saben-saben umat gadhah wates wekdal (ajal). Menawi ajalipun sampun dumugi, piyambakipun boten saged nyuwun dipunundaraken lan boten saged nyuwun dipunmajengaken sanajan namung sawetawis." (Q.S. Al-A'raf: 34)

Kematian punika satunggaling perkara ingkang mboten saged kita selaki, ingkang dados gapura saking pagesangan dunya tumuju pagesangan akhirat. Wonten ing QS. Al-Baqarah ayat 28, Allah dhawuh:

كَيْفَ تَكْفُرُوْنَ بِاللَّهِ وَكُنْتُمْ أَمْوَاتًا فَأَحْيَاكُمْ ثُمَّ يُمِيتُكُمْ ثُمَّ يُحْيِيْكُمْ ثُمَّ إِلَيْهِ تُرْجَعُوْنَ

"Kados pundi siro teko nyelaki (ingkar) dhumateng Allah, mangka sadherengipun siro iku mati (durung ono), nuli Panjenengane nguripake sira, banjur nyedakake sira, nuli nguripake sira maneh. Banjur mung marang Panjenengane sira kabeh dibangsulake."

Wonten ing Tafsir Ibnu Katsir, dipunterangaken bilih ayat punika ngandharaken panguwasanipun Allah. Yektos aneh manawi wonten tiyang ingkang nyelaki dhumateng Allah, mangka manungsa menika wiwitanipun mboten wonten, lajeng dipundadosaken wonten (gesang) ing lumahing bumi punika.

Ayat punika ugi nuduhaken bilih kita sedaya mesthi bakal seda, lan kapugaran kita sedaya bakal dipuntangekaken maneh sakwise seda kasebat.

Hadirin jamaah shalat Jumat ingkang minulyo,

Lajeng, punapa mawon ingkang kedah kita cepakaken sadherengipun ngadhepi kematian utawi sadherengipun mati methuk kita?

Lestantunipun kathah sanget, nanging wonten tigang perkawis ingkang badhe kula aturaken ing wekdal punika.

Ingkang sepindhah, ngamal kanthi sae-saenipun.

Wonten ing QS. Al-Mulk ayat 1-2, Allah dhawuh:

تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ الَّذِي خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا وَهُوَ الْعَزِيزُ الْغَفُورُ

"Maha Suci Allah ingkang wonten ing asta-Nipun sedaya karajan, lan Panjenengane Maha Kuwaos tinanggenah ing sabarang kalir. Ingkang nitahaken pati lan gesang, supados nguji sira kabeh, sinten ing antawisipun sira ingkang paling sae amalanipun. Lan Panjenengane Maha Perkasa, Maha Paring Pangaksama."

Hadirin jamaah shalat Jumat ingkang minulyo,

Lajeng kados pundi amalan ingkang sae piyambak punika? Salah satunggaling tenggeranipun inggih punika pendamelan ingkang dipuntindakaken kanthi istiqamah.

Wonten ing hadits riwayat Abu Hurairah, Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasallam dhawuh:

فَإِنَّ خَيْرَ الْعَمَلِ أَدْوَمُهُ وَإِنْ قَلَّ

Tegesipun: "Sak sae-saenipun pendamelan punika ingkang dipuntindakaken kanthi rutin (lestari), sanajan sakedhik."

Beramal kanthi sae piyambak ugi mangku teges bilih pendamelan kasebat kita tindakaken kanthi ikhlas, semaksimal wontenipun, lan kanthi sampurna piyambak. Sae sesambungan kita dhumateng Allah (Hablumminallah) menapa dene dhumateng sesami manungsa (Hablumminannas).

Wonten ing saben amal, kita tancepaken ing jiwa raganing kita bilih saged ugi punika minangka amal ingkang pungkasan.

Hadirin jamaah shalat Jumat ingkang minulyo,

Ingkang angka kalih, inggih punika nyepakaken amal ingkang ganjaranipun mboten pedhot-pedhot (mili terus).

Salah satunggaling nikmat ingkang ageng saking Allah dhumateng kita para kawula-Nipun ingkang beriman inggih punika Panjenengane sampun nyepakaken margi kabecikan ingkang saged dipuntindakaken nalika gesang, lan ganjaranipun bakal terus mili saksampunipun kita seda.

Nalika wonten ing nglebet kubur, kita sampun mboten saged tumindak punapa-punapa, sampun pedhot kalodhangan ngamal, namung ngentosi pitungan saking punapa ingkang sampun dipuntindakaken nalika ing donya.

Nanging, nyata-nyata kita taksih saged pikantuk kabecikan ingkang terus mili ing nglebet kubur. Ganjaran lan keutamaanipun tansah mili terus. Sanajan benjang kita sampun nilaraken donya, nanging ganjaran amalanipun mboten bakal pedhot. Saengga bakal tansah wewah drajat lan ganjaranipun kanthi tinikel-tikel.

Amalan punapa mawon kasebat?

Nabi Shallallahu 'alaihi Wasallam ngendika bilih wonten pitung perkawis ingkang ganjaranipun tansah mili sanajan nuju satunggaling kawula sampun wonten ing nglebet kubur saksampunipun seda.

Saking Abu Hurairah Radhiyallahu 'anhu, Nabi Shallallahu 'alaihi Wasallam dhawuh:

إِنَّ مِمَّا يَلْحَقُ الْمُؤْمِنَ مِنْ عَمَلِهِ وَحَسَنَاتِهِ بَعْدَ مَوْتِهِ عِلْمًا عَلَّمَهُ وَنَشَرَهُ وَوَلَدًا صَالِحًا تَرَكَهُ وَمُصْحَفًا وَرَّثَهُ أَوْ مَسْجِدًا بَنَاهُ أَوْ بَيْتًا لِابْنِ السَّبِيلِ بَنَاهُ أَوْ نَهْرًا أَجْرَاهُ أَوْ صَدَقَةً أَخْرَجَهَا مِنْ مَالِهِ فِي صِحَّتِهِ وَحَيَاتِهِ يَلْحَقُهُ مِنْ بَعْدِ مَوْتِهِ

"Saktuhuipun ingkang pikantuki dening tiyang beriman saking amalan lan kabecikanipun sakwuse piyambakipun sedo inggih punika: Ilmu ingkang dipunwulangaken lan dipunsebarkan, anak sholeh ingkang dipuntilaraken, mushaf Al-Qur'an ingkang dipunwarisaken, masjid ingkang dipunbangun, omah kanggé ibnu sabil (musafir ingkang pedhot lampahipun) ingkang dipunbangun, kali utawi sumur ingkang dipunaliraken, sarta sedekah ingkang dipunwedalaken saking bandhanipun nalika taksih sehat lan gesang. Sedaya punika bakal tansah tinemu marang piyambakipun sakwuse seda." (HR. Ibnu Majah, no. 242)

Hadirin jamaah shalat Jumat ingkang minulyo,

Ingkang angka tiga inggih punika, kathah ndedonga supados dipunsedakaken kanthi kahanan husnul khatimah.

Wonten ing antawisipun tanda utama husnul khatimah inggih punika manawi ngucapaken kalimat Laa ilaaha illallaah ing pungkasan pagesanganipun.

Wonten ing satunggaling hadits shahih ingkang dipunriwayataken dening Abu Dawud, Rasulullah Shallallahu 'alaihi Wasallam dhawuh:

مَنْ كَانَ آخِرُ كَلَامِهِ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ دَخَلَ الْجَنَّةَ

"Sing sopo uwonge ingkang pungkasaning ngendikanipun inggih punika 'Laa ilaaha illallaah' piyambakipun bakal mlebet Swarga."

Tenger sanesipun saking tiyang ingkang husnul khatimah inggih punika menawi piyambakipun nindakaken pendamelan ingkang sae ing pungkasaning gesangipun.

قَالَ رَسُولُ الله صلى الله عليه وسلم "إِذَا أَرَادَ اللهُ بِعَبْدٍ خَيْرًا اسْتَعْمَلَهُ". فَقِيلَ كَيْفَ يَسْتَعْمِلُهُ يَا رَسُولَ اللهِ قَالَ "يُوَفِّقُهُ لِعَمَلٍ صَالِحٍ قَبْلَ الْمَوْتِ"

Rasulullah Shallallahu 'Alaihi Wasallam dhawuh: "Menawi Allah ngersakaken kabecikan dhumateng satunggaling kawula, Panjenengane bakal ngamalaken piyambakipun." Para sahabat nyuwun pirsa: "Kados pundi caranipun ngamalaken, wahai Rasulullah?" Panjenengane ngendika: "Allah bakal paring taufiq dhumateng piyambakipun kanggé nindakaken amal shalih sadherengipun piyambakipun seda." (HR. Ahmad lan Tirmidzi)

Pungkasane, mugi-mugi kita dados kawulanipun Allah ingkang kasil anggenipun nyepakaken pagesangan kita, sarta kuwawi ngindhakaken keimanan lan ketaqwaan kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta'ala. Lan mugi Allah ndadosaken kita minangka tiyang-tiyang ingkang seda kanthi husnul khatimah.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْآنِ العَظِيمِ، وَنَفَعَني وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيمِ وَتَقَبَّلْ مِني وَمِنْكُمْ تِلاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ العَلِيمُ.

أَقُولُ قَوْلِي هَذَا أَسْتَغْفِرُ اللهَ لي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِينَ وَالمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيمُ.

Khutbah Kedua

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ.

أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ.

اللهم صَلِّ وَسَلَّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِينَ.

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.

فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيمِ:

أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ:

وَالْعَصْرِ. إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ. إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ.

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.

اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ، فِي الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ.

اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ.

اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِينَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ.

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ، وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَ اللَّهِ، إِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ.

فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.

Bayangkan seorang anak Indonesia bercita-cita menjadi dokter tetapi hanya memiliki satu buku lusuh untuk belajar. Bersama Ekspedisi Kata ke Nyata Kompas.com, Anda bisa membantu mengubah kisah itu. Mari hadirkan akses literasi bagi anak-anak di berbagai pelosok Indonesia melalui donasi lewat tautan https://bit.ly/JagatLiterasi2026. Setiap kebaikan yang Anda berikan bukan hanya membuka jendela pengetahuan, tetapi juga membuka masa depan mereka.



Terkini Lainnya
Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 3 Amalan Ingkang Saget Dados Bekal Kanggo Mati
Khutbah Jumat Bahasa Jawa: 3 Amalan Ingkang Saget Dados Bekal Kanggo Mati
Aktual
Jadwal Awal Ramadhan 2027, Libur Lebaran hingga Hari Pertama Masuk Kerja dan Sekolah
Jadwal Awal Ramadhan 2027, Libur Lebaran hingga Hari Pertama Masuk Kerja dan Sekolah
Aktual
Kemenag Siapkan Skema Kemitraan Bimwin, Calon Pengantin Tidak Harus ke KUA
Kemenag Siapkan Skema Kemitraan Bimwin, Calon Pengantin Tidak Harus ke KUA
Aktual
Doa Penguat Iman kepada Allah, Lengkap dengan Arab, Latin, dan Artinya
Doa Penguat Iman kepada Allah, Lengkap dengan Arab, Latin, dan Artinya
Doa dan Niat
BPIH, Bipih, dan Nilai Manfaat Haji 2027, Apa Bedanya? Simak Penjelasan dan Rinciannya
BPIH, Bipih, dan Nilai Manfaat Haji 2027, Apa Bedanya? Simak Penjelasan dan Rinciannya
Aktual
Kisah Khabbab bin Al-Aratt, Sahabat Nabi yang Teguh Menghadapi Ujian
Kisah Khabbab bin Al-Aratt, Sahabat Nabi yang Teguh Menghadapi Ujian
Aktual
PBNU Sosialisasi AD/ART Baru, Apa Saja yang Berubah?
PBNU Sosialisasi AD/ART Baru, Apa Saja yang Berubah?
Aktual
Apa Itu Wakaf Energi? Ini Konsep dan Manfaatnya bagi Masyarakat
Apa Itu Wakaf Energi? Ini Konsep dan Manfaatnya bagi Masyarakat
Aktual
Mengapa Ilmu Harus Diamalkan? Ini Penjelasan dalam Islam
Mengapa Ilmu Harus Diamalkan? Ini Penjelasan dalam Islam
Aktual
Ombudsman Dukung dan Siap Awasi Wajib Halal Oktober 2026
Ombudsman Dukung dan Siap Awasi Wajib Halal Oktober 2026
Aktual
Wisata Ramah Muslim, Apa Saja yang Perlu Diperhatikan Menurut Islam?
Wisata Ramah Muslim, Apa Saja yang Perlu Diperhatikan Menurut Islam?
Aktual
MUI Apresiasi Subsidi Biaya Haji 2027 dari Prabowo, Sebut Menjadi Cermin Kehadiran Negara
MUI Apresiasi Subsidi Biaya Haji 2027 dari Prabowo, Sebut Menjadi Cermin Kehadiran Negara
Aktual
Khutbah Jumat 9 Oktober 2026: Memahami Amalan Setelah Pemakaman Sesuai Ajaran Islam
Khutbah Jumat 9 Oktober 2026: Memahami Amalan Setelah Pemakaman Sesuai Ajaran Islam
Aktual
Khutbah Jumat 9 Oktober 2026: Keutamaan Berbakti kepada Orang Tua dan Bahaya Sifat Durhaka
Khutbah Jumat 9 Oktober 2026: Keutamaan Berbakti kepada Orang Tua dan Bahaya Sifat Durhaka
Aktual
Khutbah Jumat 9 Oktober 2026: Surga di Bawah Telapak Kaki Ibu
Khutbah Jumat 9 Oktober 2026: Surga di Bawah Telapak Kaki Ibu
Aktual
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Unduh Kompas.com App untuk berita terkini, akurat, dan tepercaya setiap saat
QR Code Kompas.com
Arahkan kamera ke kode QR ini untuk download app
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Close Ads
Bagikan artikel ini melalui
Oke
Apresiasi Spesial
Kirimkan Apresiasi Spesial untuk mendukung Jurnalisme Jernih KOMPAS.com
Dengan Membership bulanan, kamu ikut mendukung Jurnalisme Jernih KOMPAS.com secara berkelanjutan dan menikmati benefit member.
Mendukung tim redaksi KOMPAS.com
Tanpa iklan dan artikel utuh
Akses konten Orisinal tanpa batas
Akses Podcast eksklusif
Newsletter penuh insight dan game Croz/Word tanpa batas
Mendukung tim redaksi KOMPAS.com
Tanpa iklan dan artikel utuh
Akses konten Orisinal tanpa batas
Akses Podcast eksklusif
Newsletter penuh insight dan game Croz/Word tanpa batas
Dengan Membership tahunan, kamu ikut mendukung Jurnalisme Jernih KOMPAS.com secara berkelanjutan dan menikmati benefit member.
Mendukung tim redaksi KOMPAS.com
Tanpa iklan dan artikel utuh
Akses konten Orisinal tanpa batas
Akses Podcast eksklusif
Newsletter penuh insight dan game Croz/Word tanpa batas
Mendukung tim redaksi KOMPAS.com
Tanpa iklan dan artikel utuh
Akses konten Orisinal tanpa batas
Akses Podcast eksklusif
Newsletter penuh insight dan game Croz/Word tanpa batas
Apresiasi Spesial
Syarat dan ketentuan
  1. Definisi
    • Apresiasi Spesial adalah fitur dukungan dari pembaca kepada KOMPAS.com dalam bentuk kontribusi finansial melalui platform resmi kami.
    • Kontribusi ini bersifat sukarela dan tidak memberikan hak kepemilikan atau kendali atas konten maupun kebijakan redaksi.
  2. Penggunaan kontribusi
    • Seluruh kontribusi akan digunakan untuk mendukung keberlangsungan layanan, pengembangan konten, dan operasional redaksi.
    • KOMPAS.com tidak berkewajiban memberikan laporan penggunaan dana secara individual kepada setiap kontributor.
  3. Pesan & Komentar
    • Pembaca dapat menyertakan pesan singkat bersama kontribusi.
    • Pesan dalam kolom komentar akan melewati kurasi tim KOMPAS.com
    • Pesan yang bersifat ofensif, diskriminatif, mengandung ujaran kebencian, atau melanggar hukum dapat dihapus oleh KOMPAS.com tanpa pemberitahuan.
  4. Hak & Batasan
    • Apresiasi Spesial tidak dapat dianggap sebagai iklan, investasi, atau kontrak kerja sama komersial.
    • Kontribusi yang sudah dilakukan tidak dapat dikembalikan (non-refundable).
    • KOMPAS.com berhak menutup atau menonaktifkan fitur ini sewaktu-waktu tanpa pemberitahuan sebelumnya.
  5. Privasi & Data
    • Data pribadi kontributor akan diperlakukan sesuai dengan kebijakan privasi KOMPAS.com.
    • Informasi pembayaran diproses oleh penyedia layanan pihak ketiga sesuai dengan standar keamanan yang berlaku.
  6. Pernyataan
    • Dengan menggunakan Apresiasi Spesial, pembaca dianggap telah membaca, memahami, dan menyetujui syarat & ketentuan ini.
  7. Batasan tanggung jawab
    • KOMPAS.com tidak bertanggung jawab atas kerugian langsung maupun tidak langsung yang timbul akibat penggunaan fitur ini.
    • Kontribusi tidak menciptakan hubungan kerja, kemitraan maupun kewajiban kontraktual lain antara Kontributor dan KOMPAS.com
Diperbaharui : 1 Juli 2026
Gagal mengirimkan Apresiasi Spesial
Transaksimu belum berhasil. Coba kembali beberapa saat lagi.
Kamu telah berhasil mengirimkan Apresiasi Spesial
Terima kasih telah menjadi bagian dari Jurnalisme Jernih KOMPAS.com
Pesan apresiasi berhasil
Pesan apresiasi darimu sudah dipublikasikan di halaman komentar